PANJALUKKU SIRA
Dening : hmzh
Hawa
Adhem ing wengi iki
Kayata
Rasa tresnaku menyang sira
Rasa
kang Daktunggu
piwalese
Ananging
Yen sira ora tresna
Aku
Amung bisa pasrah marang
Kang Kuwasa
Aku
pitaya Nalika
Gusti mirekake donga
Mirengake
Sanadyan dongaku amung ing
driya
Tresnaku
iki Yekti
mung kanggo sira
Sanadyan
Aku dudu manungsa kang
sampurna
Ananging
nora Hale aku
bisa nduweni sira
Kaya
dene Angin
nggawa bledug
Kekarepanku Donga kang dakucapake
nggawa piwalese
Piwales
kang agawe bungah Ing manah
Dudu
piwales kang dadekake sedhih Lan cuwa
Dongaku
babagan sira wus dadi Wanuh kang dak ucapake
Dakucap
saben sesembahanku marang Ing ngarsane Gusti
Pikiranku
nora Cawang
menyang liyane
Among
sira kang dadi kembang Ana ing impi
Sira kadya Kembang arum agawe
bungah ing ati
Nalika
kuwi aku Sabar
ngenteni
Ngenteni Anggone Gusti mujudake
ngimpi
Pancene Nandhang tresna rasane kaya
ngene iki
Panjalukku, Aku lan sira bisa nyawiji
