Jumat, 24 Mei 2019


PANJALUKKU SIRA

Dening : hmzh



Hawa Adhem ing wengi iki

Kayata Rasa tresnaku menyang sira

Rasa kang Daktunggu piwalese

Ananging Yen sira ora tresna

Aku Amung bisa pasrah marang Kang Kuwasa

Aku pitaya Nalika Gusti mirekake donga

Mirengake Sanadyan dongaku amung ing driya

Tresnaku iki Yekti mung kanggo sira

Sanadyan Aku dudu manungsa kang sampurna

Ananging nora Hale aku bisa nduweni sira



Kaya dene Angin nggawa bledug

Kekarepanku Donga kang dakucapake nggawa piwalese

Piwales kang agawe bungah Ing manah

Dudu piwales kang dadekake sedhih Lan cuwa



Dongaku babagan sira wus dadi Wanuh kang dak ucapake

Dakucap saben sesembahanku marang Ing ngarsane Gusti

Pikiranku nora Cawang menyang liyane

Among sira kang dadi kembang Ana ing impi

Sira kadya Kembang arum agawe bungah ing ati

Nalika kuwi aku Sabar ngenteni

Ngenteni Anggone Gusti mujudake ngimpi

Pancene Nandhang tresna rasane kaya ngene iki

Panjalukku, Aku lan sira bisa nyawiji

6 komentar:

  1. Wahhh mantull bats geguritannya kak, bikinn baper wkwkwk

    BalasHapus
  2. Bagus kaka karyanya, tingkatkan yaa

    BalasHapus
  3. Bagus geguritannya , lebih bagus lagi kalo ada translate bahasa indonesia nya kak.. Jadi yg gk paham bahasa Jawa bisa ikut menikmati ..

    BalasHapus
  4. Bagus bgt geguritannya, lanjutkan dan semangat berkarya:)

    BalasHapus
  5. Luar biasa kak geguritannya. Salam kenal ya.

    BalasHapus